Home » Kongkow » Lirik » Lirik Lagu Indonesia Bakoh Ndarboy Genk

Lirik Lagu Indonesia Bakoh Ndarboy Genk

- Selasa, 08 November 2022 | 13:50 WIB
Lirik Lagu Indonesia Bakoh Ndarboy Genk

Kerja apa wae tak lakoni (tak lakoni)
Pancen dudu balungan gedhi
Mangkat mruput, bali tengah wengi (tengah wengi)
Snajan hasile mben sasi ra mesthi

Jare Bapak, "Kudu dadi PNS" (dadi PNS, hah, ndadak utang-utang)
Jare Ibu, "Sing penting sukses" (amin, amin) ho-wo
Tangga-tangga mung marai stres (marai stres, ah, ruwet)
Jare Mbah Dukun, "Kurang hewes-hewes" (wes-wes-wes)

Ora tak pikir, ora tak gagas
Sing penting isa nempur beras
Mangan sing dokoh, ja plonga-plongo
Wong Indonesia kudu bakoh

Eling-eling mbiyen pahlawan sing merjuangke
Akdhewe mung kari neruske perjuangane
Urip susah, luwih susah jamane penjajah
Aja sambat wae, kandeli usaha lan ngibadah

Pahlawan we wani mati nggo Ibu Pertiwi
Wis berjanji, wani merdeka atau mati
Wani perih, aja nganti padha ingah-ingih
Wong Indonesia aja nganti jirih

Ora tak pikir, ora tak gagas
Sing penting isa nempur beras (sing bakoh)
Mangan sing dokoh, ja plonga-plongo
Wong Indonesia kudu bakoh

Eling-eling mbiyen pahlawan sing merjuangke
Akdhewe mung kari neruske perjuangane
Urip susah, luwih susah jamane penjajah
Aja sambat wae, kandeli usaha lan ngibadah

Pahlawan we wani mati nggo Ibu Pertiwi
Wis berjanji, wani merdeka atau mati
Wani perih, aja nganti padha ingah-ingih
Wong Indonesia aja nganti jirih

Uwong Indonesia aja nganti jirih
Uwong Indonesia (Indonesia)
Kudu bakoh (kudu bakoh, pokoke joss!)
(Kudu bakoh, ben ampuh, joss pokoke!)

Sumber :
Cari Artikel Lainnya