Lirik Lagu Balungan Kere Ndarboy Genk

Oleh : Nurul Marta - 07 November 2022 17:40 WIB

Biyen aku tau kelangan
Nganti saiki isih kelingan
Kowe seng tak anti-anti
Bebrayan tekaning pati
Jebule mblenjani janji

Kabeh iki mergo kahanan
Ben iso nyukupi kebutuhan
Aku kerjo esuk sore
Nanging kowe sambat wae
Jaremu balungan kere

Opo pancen wes nasibku
Kudu pisahan karo sliramu
Jaremu arep nompo opo anane
Nanging nyatane
Tresnaku mbok sepelekke

Kudune kowe ngerteni
Kabeh mung titipane Gusti
Senajan atiku wes bubrah
Kandeli nggoning ibadah
Gusti sing paringi berkah

Senajan balungan kere
Ora kendo nyambut gawe
Senajan dalan ra alus
Sing penting wani terus

Kabeh iki mergo kahanan
Ben iso nyukupi kebutuhan
Aku kerjo esuk sore
Nanging kowe sambat wae
Jaremu balungan kere

Opo pancen wis nasibku
Kudu pisahan karo sliramu
Jaremu arep nompo opo anane
Nanging nyatane
Tresnaku mbok sepelekke

Kudune kowe ngerteni
Kabeh mung titipane Gusti
Senajan atiku wes bubrah
Kandeli nggoning ibadah
Gusti sing paringi berkah

Senajan atiku wes bubrah
Kandeli nggoning ibadah
Gusti sing paringi berkah

Tag

Artikel Terkait

Kuis Terkait

Video Terkait

Cari materi lainnya :