Home » Kongkow » Bahasa Jawa » Geguritan (Bahasa Jawa) dan Contohnya

Geguritan (Bahasa Jawa) dan Contohnya

- Jumat, 20 November 2020 | 15:00 WIB
Geguritan (Bahasa Jawa) dan Contohnya

Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.

Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi.

 

A. Ciri - ciri geguritan

Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku :

  1. duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra

  2. duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e

  3. duweni bahasa ingkang endah lan mentes

  4. Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan

 

B. Unsur - unsur intrinsik 

Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :

  1. Tema

  2. Bahasa kang endah

  3. Judul Geguritan

  4. Diksi

  5. Citra

  6. Purwakanthi

  7. Amanat kang ono ing jero ne geguritan

 

C. Jenis - jenising Geguritan

Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :

  1. Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)

  2. Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)

  3. Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran

 

D. Syarat syarat maca Geguritan

Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco geguritan . Syarat syarate yaiku :

  1. Wirama -->  Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.

  2. Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan

  3. Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan

  4. Wicara --> lancar orak e moco geguritan

 

Contoh Geguritan Bahasa Jawa Tema Lingkungan

 

KITIR

Kitir iki

Isi panantangku marang wengi

Kang kebacut anggone nguja sepi

Dolanan swarane asu baung nggeririsi

 

Kitir iki

Wujde pangundamanaku marang awang-awang

Kang kebacut brangasan

Ngrentengi lintang, nguntal rembulan

 

Kitir iki

Srana gugatmu marang isen isening jagad

Sing pijer royokan berkat

Tan keguh njaluk ruwat

 

LINTANG PANJER RAHINA

Nalika bumi isih sepi

Lintang panjer rahina wes tangi

Menehi pepadhang sagung dumadi

Kang wiwit gumregah ngupaya rezeki

 

Para among tani wes ndalidir mecaki galengan

Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makaryo

Para ngulama tumungkul pangestu puja

Para santri wiridan ngaji

 

Jago kluruk sesautan

Melu tasbih marang pangeran

Ndonya sampun gagat rahina

Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa

 

Geguritan Bahasa Jawa Tema Pendidikan

 

ARTI TEMAKU

Ing petenge arah lan langkahku iki

Panjenengan dados srengenge kangge uripku

Menehi sumunar cahaya kangge kabeh pangarepan

Panjenengan madhangi lurung-lurung kang buntu

Lewat sorotan cahaya kang metu saka suara lan tuturmu

 

Ing kelas kang ayem tentrem iki

Aku nangkep artine panguripan

Mung marang panjenengan gegayuhan dipun taruhaken

Lan marang panjenengan pengarep kang luwih becik

Panjenengan kang nentokake nasib Bangsa Paduka

Mboten mokal kagem panjenengan

Mujudake generasi emas Bangsa kang gemebyar ing pepetengan

 

Saben dino panjenengan nindakake kegiatan mulyo iki

Rasa sabar uga ras iklas ndampingi seban dino

Sakabehe ing dunyo ora bisa bales jasamu

Yaiku jasamu kang isok nggawe bintang ing pepeteng

 

Kita ora bisa ngganti jasamu karo opo wae

Nanging, kita bakal nggawe panjenengan bangga

Jasamu bakal kito pangeti sajeroning uripku

Baka kita pengeti ing sajroning ati

Lan ora bakal lebur dening puteran waktu

 

Matur nuwun sanget, Guru ingkang kulo tresnani

Tanpo panjenengan bakal peteng

Lan amargi panjenengan urip dadi migunani

 

Putri Mulyasari

 PAMULANGAN

Jarene simbah aku kudu sekolah

Kareben dadi bocah genah mrenah orah nggladrah

Jarene ram ibu aku kudu sregep mangkat

Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat

 

Jarene bapak ibu guru aku kudu sregep sinau

Tambah ilmu

Kareben kelakon kabeh kang tinuju

Nanging

Prakanca….

Coba delengen kahanan nyata

Apa sih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata

 

Pamulangan kang tanpa tuladho

Pamulangan kang kasatan piwulang

Pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta

Siji lan siji ana piro ?

 

Jare anut kang nduwe kersa

Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maleh tata krama

Lali duso…

Kabeh lurung binarung kumalungkung

Pamrih pamuji siji

Pamulangan ora aweh pepadang

 

Simbah…

Nyuwun pangapunten

Kulo mboten kepingin dados dokter

Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper

 

Rama…

Nyadong duka

Kulo mboten kapilut drajat pangkat

Jalaran ajrih sumpahing rakyat

Kang panggah mlarat sekarat

 

Bapak ibu guru…

Nyuwun dungo pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu saget dados sangu

Sumber :
Cari Artikel Lainnya